Musyawarah Babagan Kagiyatan Sekolah
(Wancinipun sekolah,sampun purna,Diah lan Panji minangka pengurus PMR sowan menyang
griyane Pak Hadi, saperlu musyawarah
babagan kegiyatan evaluasi anggota PMR. Sesampunipun nothok konten, Diah lan
Panji uluk salam)
Diah : “Sugeng siang , Pak ?”
Pak Hadi : “ Sugeng siang,ayo padha mlebua,
Cah!”
Diah lan Panji : “ Inggih Pak.”
Pak Hadi :
“2 minggu maneh arep UAS, ateges sawise iku ana acara KEAT (Kegiatan Evaluasi
Akhir Tahun)?”
Panji :
“Kadospundi menawi dipunwontenaken kemah
, Pak?
Pak Hadi :
“Kemah? Apa kuwi sing mbok karepake?”
Diah :
“ Inggih kala wau, Pak, wonten sambung rapetipun kaliyan kegiyatan
evaluasi tahunan menika Pak.”
Panji :
“Dados mangke para anggota PMR kelas X
wajib ndherek kegiyatan menika Pak,Kemahipun sareng kalih anggota PKS
wonten ing Moga. Kegiyatanipun
materi,hiking,praktek,games. Lan menawi saged ingkang ndherek kegiyatan
menika dipun paring sertifikat kangge nambah semangatipun”
Pak Hadi :
“Oalah kaya ngono, ya ora papa yen kabeh
padha sarujuk. Saiki apa kang
mbok butuhake saka aku?”
Panji :
“Kula sakanca mbetahaken jadwal KEAT kaliyan mangke tapak asma pengesahan
proposal menawi sampun daos, Pak.”
Pak Hadi :
“ Iya, entenana sedhela yak pundhutake ana njero kamar jadwale.”
(Boten dangu Pak Hadi sampun ngasta print-printan jadwal KEAT )
Pak Hadi :
“ Nah, iki sing mbok karepake.Gawanen kanggo arsipmu sakanca.”
Diah lan Panji : “Inggih Pak,kula mangestokaken dhawuh.”
Pak Hadi :
“Aja lali proposal kemahe ,trus gawanen mrene tak tanda tangani.”
Diah lan Panji : “Inggih Pak, matur
nuwun. Sugeng siyang!”
Pak Hadi :
“Iya Cah, Ati-ati ing ndalan.”
0 komentar:
Posting Komentar