Selasa, 10 Februari 2015

Musyawarah Basa Jawi Babagan Kagiyatan Kangge Panyegahan Demam Berdarah



                Ing dhusun Kaliciut, Ing dina Ahad tabuh 8 esuk Pak Kades ngumpulake para ketua RW ing Balai Desa Kaliciut kanggo musyawarah babagan kegiyatan kang arep dianakake ing sasi kiye.

 Pak Kades           : “Assalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.”
Para ketua RW  : “Wa’alaikumsalam warrahmatullahi wabarakatuh.”
Pak Kades           : “Sederenge ngampuntene bapak-bapak, kula ngempalake panjenengan sedaya menika badhe musyawarahake babagan kagiyatan ing sasi menika.”
Para ketua RW  : “Inggih Pak.”
Pak RW1              : “Ngampuntene, Pak. Babagan punapa ingkang badhe dimusyawarahaken?”
Pak Kades           : “Lah saniki kan mpun mangsa rendheng, kathah tiyang ingkang kena demam berdarah.”
Pak RW2              : “Lajeng kepripun, Pak kangge panyegahanipun sumangga mboten enten tiyang ingkang kaserang demam berdarah?”
Pak RW3              : “Inggih, Pak. Lajeng punapa ingkang badhe ditindakake kaliyan kasus punika.”
Pak Kades           : “Nah menika ingkang badhe dimusyawarahake. Sinten ingkang gadhah usul?”
Pak RW1              : “Kepripun nalika ditindakake kagiyatan kerja bakti sareng-sareng?”
Pak RW4              : “Nggih kula setuju kalian usulipun bapak menika.”
Pak Kades           : “Lajeng sinteng ingkang gadhah usul malih?”
Pak RW5              : “Kula, Pak. Kepripun nalika ditindakake penyemprotan kangge mbasmi jentik-jentik nyamuk?”
Pak RW3              : “Kula setuju, Pak.”
Pak RW2              : “Nggih, kula sami.”
Pak Kades           : “Kepripun nalika ditindakake kalih-kalihipun menika kerja bakti sareng-sareng kaliyan penyemprotan obat kangge mbasmi jentik-jentik nyamuk ingkang nyebabake demam berdarah?”
Para Ketua RW  : “Inggih setuju, Pak.”
Pak Kades           : “Lajeng kapan ditindakake kagiyatan punika?”
Pak RW4              : “Nalika dinten Ahad ngenjang kepripun bapak-bapak?”
Para Ketua RW  : “Inggih setuju.”
Pak Kades           : “Oh nggih mpun bapak-bapak. Dados mangke badhe ditindakake kerja bakti lan penyemprotan ing dinten Ahad ngenjang. Kangge informasi punika mangke dipun sampekaken kaliyan bapak-bapak ketua RT kaliyan warganipun nggih.”
Para Ketua RW  : “Inggih, Pak.”
Pak Kades           : “Ngampuntene bapak-bapak lan maturnuwun sampun dhateng wonten mriki. Lajung kula tutup nggih musyawarah punika. Wassalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.”
Para Ketua RW  : “Wa’alaikumsalam warrahmatullahi wabarakatuh.”

0 komentar:

Posting Komentar